Riwayat Banjarnegara Sedurunge Jaman Dipayudha IV, Jebul Wis Akeh Bupatine

Lokal Banyumasan251 Dilihat

 

Makam Bupati Banjarnegara terdahulu
Makam Bupati Banjarnegara terdahulu

Penulis : Mujipras

Miturut cathetan sejarah, Kabupaten Banjarnegara ngalami 3 mangsa (jaman), yakuwe : sepisan, Jaman Banjar Petambakan (antara taun 1582-1780), sing depimpin daning 12 bupati. Kepindho, Jaman Banjarwatulembu (antara taun 1780-1831), sing depimpin daning 2 bupati, lan ping telu Jaman Banjarnegara (taun 1831– siki), wis 15 bupati sing madeg gutul seprene.

Tanggal 22 Agustus 1831 (ngepasi boyonge Bupati KRT Dipayudha IV sekang Banjarwatulembu maring Banjarnegara), disahna minangka dina laire (Hari Jadi) Kabupaten Banjarnegara daning Pamrentah Kabupaten, sing dipayungi karo Peraturan Daerah Nomer 3 taun 1994. Dina laire (Hari Jadi) Kabupaten Banjarnegara, depengeti lan derayakna saben 22 Agustus, gutul taun 2019. Tanggal 22 Agustus 1831 mau siki sering desebut “Hari Jadi Lama”.

Seteruse, Pemerintah Kabupaten Banjarnegara ngetokna Peraturan Daerah Nomer 6 taun 2019, sing ngatur gentine hari jadi Banjarnegara, sing maune tanggal 22 Agustus 1831 dadi tanggal 26 Februari 1571. Lan depengeti kawit taun 2020, ngepasi ambal warsane Banjarnegara ping 449. Gentine pengetan dina laire kabupaten kuwe sewise musyawarah daning para winasis uga para sepuh, kajian akademik daning para sejarahwan lan tokoh masrakat.

Perjuangane panitia khusus (pansus) hari jadi nang lembaga DPRD uga ora cilik, disengkuyung penelitian sing dipangarsani daning Profesor Sugeng Priyadi, sejarahwan sekang Universitas Muhammadiyah Purwokerto. Tanggal 26 Februari 1571 uga sering desebut “Hari Jadi Baru”.

Ningen, esih akeh masrakat sing durung ngerti sejarah, lan para pangarsa (bupati) Banjarnegara sedurunge jaman Bupati RT Dipayudha IV (taun 1831). Nah, tumrape para sutrisna sing kepengin ngerti, kiye riwayat lan jeneng-jeneng Bupati Banjarnegara sing tau njabat sedurunge Jaman Banjarnegara (taun 1831– siki).

1. Jaman Banjar Petambakan (antara taun 1582-1780)
Mula madege, Kabupaten Banjarnegara esih diarani Banjar Petambakan, yakuwe mangsa taun 1582-1780 jaman Kerajaan Pajang sing dipangarsani Sultan Hadiwijaya. Asale Kabupaten Banjar Petambakan ora bisa dipisahake karo lelakone Raden Jaka Kaiman (Pendhiri Kabupaten Banyumas), mantu Adipati Wirasaba, yakuwe Adipati Wargahutama I. Sewise Adipati Warga Hutama I tilar donya, Jaka Kaiman nampa kanugrahan sekang Sultan Hadiwijaya Pajang kanggo nerusna pamarentahan Kadipaten Wirasaba kanthi gelar Adipati Wargahutama II.

Rumangsani angger dheweke mung mantu, sekang idine Raja Sultan Hadiwijaya, Raden Jaka Kaiman mbagi wewangkon Wirasaba dadi 4 wilayah, yakuwe : Wirasaba, Merden, Kejawar lan Banjar Petambakan. Kedadiyan ngepasi tanggal 6 April 1582 Masehi, mula tanggal kuwe dadi “wiwitan” sejarah pamrentah Banjar Petambakan. Periode Kadipaten Banjar Petambakan ngalami 12 Adipati yakuwe : KRT Wiroyudo (1582-1594), KRT Wargahutama (1594-1620), KRT Wirakusuma (1620-1647), KRT Wirawijaya (1647-1659), KRT Purwanagoro (1659-1671), KRT Wirapraja (1671-1680), KRT Tambakyuda (1680-1698), KRT Reksayuda (1698-1710), KRT Reksawijaya (1710-1723), KRT Purwawijaya (1723-1730), KRT Wironagoro (1730-1738), lan KRT Sosroyuda (1738-1780).

2. Jaman Banjarwatulembu (taun 1780-1831)
Jaman pamrentahan Banjar Watu ditandhani boyongan punjere pamrentahan kabupaten sekang sisih wetan kali, dipindhah menyang sisih kulon Kali Merawu (papane kira-kira sekitar Desa Banjarkulon Aula). Sejerone jaman Banjar Watu Lembu, mung ana rong periode kepemimpinan, yaiku KRT Mangunyudo (1780-1812) lan KRT Kertoyudo.

Tinggalkan Balasan