Dening: Trisnatun Abuyafi Ranaatmaja
Langit wis peteng-ndhedet. Mendhung kandel nggedibel. Udan wis gari bres. Mesthi deres.
Parmin esih ngadeg madan bingung, arep nerusna laku apa arep mandheg ngenteni udane ambrol sisan. Madan mangu-mangu, arep nekad nerusna laku mesthi penganggone ke-jebur kabeh gutul maring jeroan. Ning arep ngenteni udane liwat, madan mang-mang tekan maring Purwakerta wis ora keduman acarane.
Karo mikir lan nimbang-nimbang, Parmin rogoh-rogoh tas cilik sing decangklong ning pundhake, njukut rokok se-bungkus. Bungkus rokok debukak, terus delorod seler.
Rokok desumed nganggo rek zippo kesayangane. Parmin udud nglepus ning pinggir dalan. Pernahe ning lor gili gede, ngaub ning emper bengkel tambal ban motor pit. Langite tambah peteng, mendhung tambah kandhel-ngedibel.
Parmin selot krasa wadheh lan madan munyel-munyel.
Sejeron meneng Parmin nggresulah, ngapa ndadak kudu ka-ya kiye uripe. Nganti seprene esih bae urung bisa tuku mobil kaya kanca lan tangga teparone.
Parmin esih bae numpak motor pit butut sing wis sering mogok utawa gembes banne. Parmin mikir karo ngunjal ambekan dawa, udude desedot jero. Pikirane ngawang-wung melu lakune mendhung ning langit sing selot kandhel.
Wis madan suwe Parmin nyambut gawe melu dadi tu-kang nulis warta. Taun-taun sing wis keliwat, kasile sekang gawean nulis esih madan kanjat sebab warta esih ana regane.
Wong-wong pada butuh maca warta sing wujud tulisan ce-tak ning koran utawa majalah. Nah jaman sekiye, kabeh wong jegos dadi pewarta, bisa nulis berita, bisa gawe foto malah gampang bae gawe video.
Alat- alat sing wujudsmart-phone sengsaya canggih lan ngedab-edabi. Sejen karo jaman ganu, wong perlu ngerti warta kudu maca media cetak.
Siki wong teyeng ngerti berita lewat internet, media sosial sing akeh wernane. Ana fesbuk, twitter, instagram lan sepe-nunggalane. Kabeh marakna warta media cetak sering ketinggalan sebab kalah cepet.
Mbuh primen sebabe dheweke melu olih undangan. De- jak rempugan arep gawe buku kumpulan tulisan. Tulisan nganggo Basa Jawa Banyumasan sing wujud geguritan lan cerita cindhek.
Ndean Kang Warih ngerti lamona dheweke sekiye pancen kurang gawean alias sering nganggur, kom-beran wektu. Mulane Kang Warih nawani Parmin kon melu gawe tulisan Basa Banyumasan. Ujare Kang Warih nulis ku-we mesthi ana gunane, paling ora kena nggo tinggalan ma-ring anak putu. Parmin ora patiya mikir banget apa maksud lan karepe.
Kang Warih sing kirim es-em-es ngajak rempugan bab nulis sastra Banyumasan. Kayong abot nemen mikir kaya kuwe, keduwuren kanggone Parmin. Sing penting tumrap Parmin jane pengin rubungan ketemu kanca batir. Guyon maton kambi udud bareng, syukur ana wedang clebek lawuh men-dhoan tempe utawa balok budin.
Sekiye Parmin rumangsa kudu nggolet gawean liya sing bisa dadi dalan pangane dewek seanak bojone. Gawean nulis wis kayong ora mbejaji.
Warta jaman sekiye wis ora kaya jaman ganu. Wayah wene koh Kang Warih esih ngajak nulis. Parmin madan mikir apa esih ana gunane tumrap awake dhewek. Sebab ganu, angger Parmin nulis berita, crita, guritan demuat koran mesthi ana ongkose.
Lah ngger nulis buku kumpulan crita cindhek utawa guritan sapa sing arep aweh ongkos? Sebab buku jenis kaya kuwe wis angel payune, bocah sekolah sekiye rata-rata ya ora seneng maca buku. Embuhlah, Parmin wis bebeh mikir abot-abot, uripe dhewek bae wis abot.
Udane wis ambrol, gemrojog deres. Kecampuran angin sing semiuk. Parmin ndhempis, tambah mlebu maring em-per bengkel.
Sekiye kudu ngenteni nganti udane mandheg nembe bisa nerusna laku maring Purwakerta. Kayane ya ku-du siap-siap de paido karo Kang Warih sekanca sebab dhe-weke mesthi telat tekane nganah. Parmin urung bisa ngira-ira udane arep setengah jam, sejam utawa bisa bae rong jam.
Udude wis enthong rong ler. Hawa krasa adhem merga banyu udan sekang tritisan emper bengkel mamprot maring klambi lan kathoke.
Parmin akhire nekad mlebu njero beng-kel sing lawange jebul ora dekancing. Wong sing duwe tah ora neng kono. Kayane tah merga mendhunge kandhel ban-juran bengkele detutup.
Parmin njagong, jebul ning njero ana risban madan dawa. Parmin madan ora kepenak jane mlebu nggon langka sing duwe, ningen priwe maning udane tambah deres lan ning njaba atis. Motor sing deparkir ning ngarep bengkel kuwe wis klebus.
Atine Parmin mang-mang, biasane ngger teles kaya kuwe sepeda motore cokan mblebek terus angel destater, nyatane motor wis tuwa. Udan urung mandheg. Parmin katisen. Kesel lan arip.
“Primen kabare, sekiye rika urip ning endi? Suwe ba-nget ora tau ketemu, yah?” Ngadeg ning ngarepe Parmin wong wadon. Swara sing Parmin bangeting apale, takon kabar. Kaget de takoni kaya kuwe, Parmin madan glagepan.
“Pendongane slamet-waras kiye. Kaya kiyelah uripe inyong esih ajeg. Sekiye manggon ning Ajibarang Kulon, pinggir Kali Kawung, watesan karo Kracak. Pedhek nggo-ne Kang Wanto Tirta, sing gemiyen penyiar Radio Satria kaelah,”
Merga madan nratab kaget, Parmin semaure sekecandhake.
Mbuh primen larah-larahe koh malah ngomongna penyiar Radio Satria, radione bae wis ora siaran. Apa pen-tinge, yah? Parmin ya ora ngerti, golih njawab pitakonane wong wadon ning ngarepe mau kur sekecandake baen.
Sebab ketemu karo wong wadon kiye ning bengkel lagi udan deres, pada bae ngiyub kuwe babarblas ora tau ana ning angen-angen acan. Koh bisa kaya kuwe, lakon dina kiye Parmin tambah mlongo bingung dhewek.
Utekke dadi sibuk mikir banter tur mambrah-mambrah. Angen-angene grabisan mla-yu maring endi ora. Mlayu mlesat maring jaman kuna. Ja-man nalika semana, kurang lewih rong puluh tahun ke-pungkur.
“Eh, lah kabare rika dhewek primen? Sekiye manggone ning endi? Kayong wis dadi wong sukses yah rika tah?” Par-min genten takon maring wong wadon sing ngadeg neng ngarepe.Eseme esih nglingsemi kaya ganu.
“Kiyeh, tinimbang udan-udan ngiyub ning kene, ma-yuh mampir ngumah bae. Mengko pada medang teh anget utawa kopi. Ning umah tah paling ora ana wedang bening. Mayuh mampir ngumah bae, sisan gawe ketemu kambi ra-ma-biyunge inyong. Mbok wis suwe ora tau silaturahmi,” wong wadon kuwe ora njawab pitakone Parmin malah na-wani kon mampir ngumah.
“Mampir ngumah? Lah umahe rika sisih endi?” Parmin bingung.
“Ya umahe ramane esih ning nggon ganu, urung pin-dah koh. Inyong tah sekiye duwe umah ning Purwakerta. Lah kiye mau inyong weruh rika mlebu ngeneh dadi tek susul. Mumpung kebeneran weruh. Inyong wis taun-taunan nggoleti kabare rika. Jane inyong ya mau madan ragu-ragu, rika temenan apa udu mergane banyu udan ngaling-alingi kaca mobil dadi ora genah,” wong wadon kuwe ngomong akeh, nerangna sebabe dheweke ujug-ujug mlebu maring bengkel suwung mau.
Parmin tambah bingung, atine dadi kumesar. Ndredheg ,ora merga katisen ningen merga ana wong wadon nusul dhe-weke mlebu bengkel suwung lan nawani mampir maring ngu-mah. “Kiye lakon apa, Gusti. Kula nyuwun ngapura.” Par-min ndonga sejeron meneng.
“Primen Kang, rika ora gelem mampir? Kiye udane esih suwe, esih deres. Apa arep ning kene bae nganti mbengi, wis sore koh. Mampir bae mayuh.” Suara kuwe esih kaya rongpuluh tahun kepungkur, suara sing renyah, entheng lan kepenakan.
Ngomong kaya kuwe karo mesem. Parmin ya esih banget apale karo eseme. Pipine sebelah ya esih ana dekike. Mung bedane, sekiye, Arti katon madan tambah le-mu ningen esih manis kaya ganu. Kabeh esih kaya rong-puluh taun kepungkur.
“Iya, maturnuwun, ngger inyong mampir ngumahmu tegese ora sida maring Purwakerta, mangkane inyong de tunggu kanca batir ning umahe Kang Warih. Primen yah?”
Parmin bingung. Atine ya banget nggronjal lan mesti bae gelem deampirna maring umahe Arti. Lah jujur bae sejerone rongpuluh taunan kiye jane Parmin ya sering adol pengrungu pengin ngerti kabare Arti.Eh, ora nyana ora nggliga sore kiye, pas udane ya deres malah ketemu ning bengkel suwung, tur kuwe merga Arti weruh dheweke lagi ngiyub.
Apa kedadeyan kaya kiye udu rejeki nomplok lan termasuk perkara ghoib. Tegese bener-bener ora mlebu nalar apa maning rencanane Parmin.
“Tek deleng kayong kabotan tek aturi mampir ngumah ya, Kang? Apa tega maring inyong, wis tek tilalaih man-dheg merga kepengin ketemu karo ngerti kabare rika, rika ora gelem? Mayuh mampir, kon ora kudanan numpak mo-bilku bae. Apa acara ning Purwakerta penting banget, yah?” Arti takon karo madan maju mereki Parmin sing esih njagong sedheku ning risban.
Pitakone mbrudhul kaya pluru bedhil nembaki Parmin. Parmin tambah kamitenggengen, pikir lan rasane morak-marik. Atine nggronjal, awake nganti ndredheg. Gemeter kaya rasa rongpuluh taun kepungkur. Ya, rasane kayong esih pada bae kaya jaman semana.
“Ora merga kaya kuwe, Arti. Inyong mampir ngumah-mu, ora sida maring Purwakerta ya ora masalah. Inyong madan bingung, sepeda motor kae primen ngger inyong me-lu mobilmu?” Parmin takon karo peraupan sing esih bingung.
“Delebokna ngeneh bae, aman ikih. Bengkel kiye kan bengkele adikku lanang, mengko inyong sms, kon de kan-cing lawange.” Arti ngomong karo mesem.Esem sing esih kaya rongpuluh tahun kepungkur.
Parmin wis ora bisa nolak. Akhire sepeda motor butut kuwe delebokna maring njero bengkel. Dheweke manut ma-ring Arti, melu mobil lan arep mampir ngumahe Arti.
Ke-temu karo rama biyunge Arti. Lakoning urip pancen sering ora bisa dengerteni, malah sering gawe bingung menungsa. Sekiye, Parmin lungguh ning njero mobile Arti, ning ngarep sebelah kiwe. Arti sing nyupir. Parmin krasa ora kepenak ningen primen maning. Wong sakeloron wis mlebu mobil. Udan wis ora patia deres, mobil wis arep mlaku maning.
Motore Parmin wis mlabu maring njero bengkel, Arti ya wis sms maring adine supaya ngancing lawang bengkel sebab ana kang Parmin titip sepeda motor.
Mobil mlaku maring arah ngulon, arah Ajibarang maning. Tekan perek mesjid gede ning pinggir dalan, mobil belok nengen. Mlebu maring arah lor, pedesaan pinggir dalan utama. Ngliwati sawah-sawah lan pekarangan sing urung akeh umah.
Sepi dalane dasare lagi udan. Wong-wong arang sing lungan metu sekang umah. Parmin karo Arti lungguh jejer ning pada meneng kabeh. Arti wis ora akeh crita kaya ning bengkel mau. Dheweke meneng, mripate mandeng ngarep mobil sing kacane ya madan bureng sebab banyu udan esih bae akeh. Mlaku alon mobil kuwe sengsaya adoh sing dalan gede lan sengsaya pedhek maring umahe Arti.
Parmin tambah bingung lan mung bisa meneng. Ora ngerti kudu ngomong apa nggo mecah sepi sing nglimputi suasana ning njero mobil. Semono uga Arti, mau pas sepi-sanan ketemu Parmin, kegawa rasa seneng sing banget, ke-lalen nganti kocap nawani Parmin mampir. Nah bareng Parmin gelem siki Arti sing bingung dhewek, atine gemeter nganti ndredheg. Mengko nek wis tekan ngumah terus arep primen?
“Primen kabare ramane karo biyunge, Ar?” Parmin ta-kon nggo ngilangna rasa bingung merga suasana sejeroning mobil sepi banget.
“Pandongane rika, kabeh padha sehat. Ramane ya esih seneng ngingu iwak. Kolam wetan umah kae malah wis de-ambakna. Nggo kegiatan pensiunan, hiburan sehat.” Arti semaur karo tetep madhep ngarep. Tangan tengene nyekel setir mobil, sing kiwe nyekel persneling pindhah gigi merga dalane madan nanjak.
Parmin nggatekna Arti sing lagi nyetir kuwe, rasane ora karuan. Wong wadon kiye, rongpuluh tahun kepungkur kanca sekolahe, kanca raket, ganthilaning ati sing deimpi-impi ngawan bengi.
Cekaking rembug Parmin karo Arti kuwe gemiyen pacaran.Emane jaman rongpuluh tahun ke-pungkur rasa tresna sing ana ing antarane Parmin karo Arti ora tau kelair, kabeh mung pada bae nyimpen rasa sejeroning ati. Senajan bocah loro sering maring endi-endi bareng ningen urung tau Parmin ngudarasa ngomong bab katresnan maring Arti.
Kabeh lelakon rongpuluh tahun kepungkur dadi katon ngegla ning ngarep mata. Kabeh wis keliwat wektune lan sekiye pada njedhul siji mbaka siji. Parmin krasa sesek ati-ne, ambekane abot, kamisesegen. Perih tatu lawas kuwe krasa maning.
“Rika mbojo karo wong endi, Kang? Wis duwe anak pira?” Arti genten ngomong. Pitakone Arti kaya gelap ngampar tumrap kupinge Par-min. Ora nyana babar pisan lamun Arti arep takon kaya kuwe. Ingatase Parmin nembe mikir arep takon kaya kuwe uga maring Arti. Mulane Parmin ora semaur ningen malah mbalik takon.
“Lah Dhek Arti wis putra pira, kakunge wong endi?” Parmin ngundang Arti “dhek” merga wis desambat “kang” karo Arti.
Arti mesem.Eseme esih pada karo rong puluh tahun kepungkur.
Wong loro nylinguk kabeh, Arti nylinguk ngi-wa, Parmin nylinguk nengen. Pada pandengan, ora ngomong apa-apa. Sorot matane wong loro ketemu lan nyambung, terus mbok lep bae, ana tenaga magnetis sing banget kuate. Matane Arti kembeng-kembeng luh. Parmin sengsaya bi-ngung, atine gronjalan. Pengin ngomong maring Arti supaya mobile mandeg bae lan rembugan sing lewih jelas.
Arti kelalen kur pirang detik, kesadarane ilang sepandurat, kelalen ngger dalane lagi manjat. Oper persneling te-lat. Mobil ora kuat manjat, mundur banter. Arti panik, rem ora deidek, mobil mbabit. Ning mburi ana truk lagi manjat muatane akeh, Arti tambah panik.
Parmin melu gragapan nyoba nyawel rem tangan. Mobil dadi tambah ora karuhan, muntir maring arah tengen, sing perenge madan jero. Se-banjure Parmin wis ora ngerti arep priwe kedadeane, Pasrah maring sing gawe urip. Apa wis dadi garis uripe Parmin kudu mati bareng karo Arti?
Kecelakaan semobil lagi udan deres ning dalan arep maring umahe Arti, mangkan mau pamit arep maring Purwa-kerta? Parmin esih kober mikir priwe carane supaya dheweke lan Arti slamet sekang kecelakaan mobil kuwe. Rem tangan de cekel kenceng terus ditarik maring posisi ngunci.
“Pa, bapa.. bapane.. Tangi.. tangi, kenang apa sih? De-neng golih sare kewowongan?” Anak lanange Parmin ngo-rag-orag sikile.
Parmin nglilir weruh anak lanange njagong ning pinggir amben. Lagi bae nggugah dheweke sing jebule ngimpi nganti nglindur. Ngimpi numpak mobil karo Arti lan mobile mblorod ning anjatan dalan arep maring umahe Arti.
Parmin wis nglilir temenan, terus istighfar.Alhamdulillah. Syukur maring Gusti Allah, senajan medeni kedadeane ningen mung ngimpi.
Anak lanange Parmin mesem, “Bapak tah, sare esih sore koh nglindur. Pripun sih, Pa?”
Parmin ngelus rambut anak lanange, madan isin ningen ora mungkin crita tes ngimpi apa. Mulane terus njawab se-kecandhake, “Bapak kesel, dadi nglindur. Mage bapak de-pendhetna banyu nggo ngombe.”
Anak lanange menyat lunga maring dapur ngiling banyu bening terus balik maring amben maning. Banyu segelas deulungna maring Parmin. Parmin njagong terus nginum banyu sing dejukutna anak lanange. “Matur nuwun ya, Nang” karo ngulunga gelas men dedelah ning dapur maning.
Parmin menyat, ngadeg terus metu sing kamar. Ndeleng jam dinding jebul esih jam 17.00. Udan gede esih gemrujug tiba sing langit. Madan kaget bareng kelingan dina kiye ana janji karo Kang Warih. Parmin kudu ngeterna tulisan cerita cendhek Basa Banyumasan. Kudune kawit jam telu mau wis mangkat, sebab udan grimis dadi Parmin awang-awangen. Slonjor ning amben karo nunggu udane terang malah ke-bablas turu nganti ngimpi ketemu Arti.
Parmin mesem dhewek. Kemutan jebul kabeh menungsa duwe pangimpen dhewek-dhewek. Ana uga wong sing aseng ngimpi bareng-bareng kaya Kang Warih.
Kang Warih ngimpi bisa ninggali warisan cerita cendhek Basa Banyumasan nggo anak putu. Ngimpi kaya kuwe merga kewatir basane biyung sing adiluhung ilang. Kabeh basa bisa ilang sebab ora ana sing nganggo maning. Pengimpen Kang Warih mle-bu maring pikirane Parmin.
Parmin ya banget pengine nyumbang tulisan, ning mbuh tulisan sing kaya ngapa sing bisa de arani karya sastra. Apa maning sastra banyumasan mbuh kaya apa wujud blegere. Parmin tambah bingung sebab dina kiye jere wis “deadline” wektu nulise wis enthong merga arep munggah cetak. Parmin wis bundhet, pasrah bongkokan ora sanggup nyumbang tulisan. Mung lagi ma-dan ora kepenak priwe goli ngomong maring Kang Warih.
Parmin mesem dhewek, udan esih deres. Langite nangis mewek banyune ora enthong-enthong. Parmin mesem merga kemutan anak lanange nggugah dheweke sing nglindur. Carane nggugah ngorag-orag sikil. Parmin ke-mutan omonge Kang Warih jere wong Banyumas ngger ora deorag-orag ora gelem pada mikirna ngrumati basa Ba-nyumasan.
Lah sapa sing gelem ngorag-orag Parmin kon gelem nulis maning kaya jaman ganu? Apa kudu nggoleti Arti kon gelem ngomongi Parmin? Arti bae siki wis mbuh ning endi ora nana sing ngerti. Parmin sing wis niat mangkat maring umahe Kang Warih dadi kepikiran karo ngimpine sing ora apik mau. Ngimpi numpak mobil, sing nyupir Arti terus kecelakaan.
Penulis adalah Kepala Sekolah SMPN 2 Pekuncen